Senin, 21 Agustus 2023

Lirik lagu putri ngerit


PUTRI NGERIT


Pungkasane crito pewarto geger mbleber sak omboning jagat. Rame kang tineko wong lanang sing penggaweane dodolan kendi ing tlatah iku bocah sing cul-culane kerajaan mataram kuwi sumpek mergo rame. Akhire mlayu mengalor,ning pinggire kali cahe senden nik sore wit pucung, mulo desone di jenengne senden lan daerahe dijenengne pucung.

Rojo-rojo sing arepe nglamar putri saben sore ngedus jarane ono ing kedung,mulo daerah iku dijenengne kedungjaran. Teko meneh bangsawan sing nggowo mahar kebo sak gudele, saben isuk di kungkum ono ing kedung mulo daerahe di julukno kedung gudel. Sing sih etan di gawekno gerdu kanggo poro pelamar,mulo daerah iku di julukno nggerdon.

Bilih ronggo pesu lan sak bolo pasukane teko paling kulon dewe nggowo mas-masan kang di pepe ning nduwure watu,mulo suwarane sing kemlotak klotak-klotak,klatak-klatak di julukno klatak. Krono akeh pelamar liyo sing teko ronggo pesu ngedang, lan perang ujunge,mulo ronggo pesu jogo-jogo daerah iku, sing sak iki di julukno jogosatru. Sak wentoro iku ronggo pesu siap nglamar numpak jaran,jarane sing di pecuti nganti gawe-gawe lan tengar-tengar, mulo daerah iku di julukno ndawe lan sak kidule di julukno tenggar.

Ronggo pesu sak bolo pasukane di dang demang tangar ing ndalan.
Ronggo pesu lan demang tangar gepuk-gepukan, mulo daerah iku di jenengno nggebok.Perang gede geger ra karuan. Demang tangar nyumet meriame sing sak iki ndadekno guo sing dowone 25 meter. Saking podo sektine loro-lorone renek sing menang yo raenek sing kalah. Lan putri ngerit akhire kon nggawekno prahu sing guede. Lan udan deres akhire banjir bandang,putri ngerit numak ning tengah-tengahe prahu, minongko ronggo pesu lan demang tangar ning putukan. 
Demang tangar lan ronggo pesu akhire ngrubah awake dadi yuyu runipung nguber prahu sing di tumpaki putri. Sak wentoro iku ning tengah-tengah kedung prahune keombang-ambing mulo daerah iku di julukno kedung grombyang.
Moso wis cedek demang tangar arep nyekel putri,tapi putrine ngilang-ngilang lan keulang terus-terusan,akhire demang tangar pegel banjur di balangi watu. Mulo daerah iku dijulukno mbalang.

Putri ngerit mlayu mengulon,nik kunu raup ono ing belik,raupane sing kebek srengenge agawe klelap-klelap meleng-meleng, mulo daerah iku di julukno mbelik mileng. Bar iku mlayu mengulon ndondomi jarike sing suwek ning pinggire belik,mulo daerah iku di julukno mbelik jahit. Konangan meneh,akhire putri mlayu mengalor,mak lap banjur ngilang. Mulo daerah iku di julukno silap. Ronggo pesu ambik demang tangar wis ra eruh putri nyandi.

meniko sejarah nami deso, dusun lan dukuhan deso senden kecamatan kampak kabupaten trenggalek.

PUTRI NGERIT

Intro:Am,G,F,Am
Am, G
Winarno awet jaman semono
F, Am
Dununge ono ing tanah jowo
Am, G
Prenahe ing dedusunan senden
F, Am
Kecamatan kampak kabupaten nggalek

Am, G
Putri ngerit iku arane
F, Am
Prayogo lan endah larase
Am, G
Yogo ragil saking rojo Kediri
F, Am
Kang petapan ono ing wono kampak

Chrouse:
Dm, Am
Sopo wae lang sinawang
Dm, Am
Bakal kapencut ayune
Dm, Am
Mulo rejo podo moro
Dm, Am, F, G
Anglamar ngrebut slirane

Reff:
Am, F, C, G,
Putri ngerit wanito kang ora lombo manungso liyo
Am, F, C
Sinawang katon mencorong arum semerbak
G
koyo widodari

Am, F, C, G
Putri ngerit ngaloko ing sak ikine ndadekno guo
Am, F, C
Guo ngerit arane bilih sale manggen ono ing
G
deso senden

Intro:Am,F,C,G 4kali
(Kembali ke reff)

Lagu daerah desa
Senden Kampak Trenggalek
No:1634-12-6006
25-09-2015
Email:jhonnyandikarana.14@mail.com
Facebook:jhonny andika mardhani 

YouTube:Jhonny andika